Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Adigang, Adigung, Adiguna Miturut Islam

3 Mins read

Berikut ini adalah khutbah Jumat bahasa Jawa yang dapat dipakai untuk memberikan khutbah Jumat di masjid-masjid dengan masyarakat berbahasa Jawa. Tema yang dimuat dalam teks khutbah bahasa Jawa ini adalah tentang Adigang, Adigung, Adiguna Miturut Islam. Teks khutbah Jumat bahasa Jawa ini memuat khutbah pertama dan kedua.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

“Adigang, Adigung, Adiguna Miturut Islam”

Khutbah Pertama

إنَّ الـحَمْدَ لِلّهِ نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا. أَمَّا بَعْدُ

Sederek kaum muslimin, jamaah khutbah Jumat rahimakumullah

Kaping sepindah punika, sumangga kula lan panjenengan sedaya sami tansah ngunjukaken raos syukur dumatheng ngersanipun Allah Ta’ala. Dzat ingkang akarya jagad, ingkang dumugi titiwanci punika taksih kersa paring nugraha kawilujengan dhumateng kita sedaya. Salawat saha salam ugi kaaturaken dhumateng nabiyullah Muhammad SAW, Priyantun paling luhur bebudenipun, ingkang sampun mandhegani umat Islam saking zaman jahiliyah marang zaman ingkang dipun sesuluhi cahyo Islam.

Sederek kaum muslimin, jamaah khutbah Jumat rahimakumullah.

Gusti Allah punika Dzat ingkang maha welas lan maha asih. Huwa ar-Rohmanu ar-Rahimu. Mboten wonten setunggal kemawon saking makhukipun ingkang mboten diparingi rizki. Rizki menika kathah sanget cacahipun. Sahingga kita sedaya mboten dipun perintah supadhas ngetang sedayaning rizki kala wau. Amargi Gusti Allah pirsa bilih menungsa menika mboten saguh ngetang kanikmatan ingkang sampun ditampa. Allah Ta’ala ngantos ngendika:

Baca Juga  Buletin Jumat: Menebar Kebencian itu Dilarang!

وإن تعدوا نعمة الله لا تحصوها

“lamun temen sira arep ngetung kabeh nikmate gusti Allah, mangka ra bakal sanggup.”

Sederek kaum muslimin, jamaah khutbah Jumat rahimakumullah

Katah priyantun sakniki ingkang sampun dipun paringi katah kanikmatan dening Pangeran, banjur nglirwa’aken. Kesupen anggenipun nglampahi kawajiban datheng Zat ingkang sampun paring sedayaning kanikmatan. Mboten rumangsa bilih piyambake kecemplung ing jurang panglulunipun Gusti Pangeran. Kayadene mboten wonten napa-napa. Ananging sejatine tiyang ingkang supe kala wau bakale cilaka. Kaya dening lakune tiyang ingkang adigang, adigung lan adiguna.

Sederek kaum muslimin, jamaah khutbah Jumat rahimakumullah

Adigang adigung adiguna menika kalebet satunggaling paribasan jawi. Ingkang gambaraken rupine manungsa ingkang rumangsa gumedhe. Adigang inggih punika lakune manungsa ingkang ngendelake kakuwatan. Pinaringan kakuwatan ananging mboten digunakake wonten sajroning kabecikan kayadene paring pitulungan marang liyan.  Kosok wangsulipun, migunakake kakuwatane wonten sajroning perkawis kang ala lan durjana.

Sederek kaum muslimin, jamaah khutbah Jumat rahimakumullah

Adigung inggih punika lakune manungsa ingkang ngendelake kaluhuran utawi kuwaosan. Katah tiyang “Elit” migunake kuwaosan wau kangge nyiksa tiyang “alit”. Wonten malih tiyang ingkang kuwaos wonten ing pemerintahan ananging mboten migunakake kuwaosanipun wonten laku patuladhan kabecikan. Kapinujon katah kosok baline. Dene adiguna inggih punika lakune manungsa kang ngendelake kapinterane. Kapinteran ingkang sejatine amanah saking pangeran, supadhos dipun kagem wonten sajroning bebrayan, ugi paring pitulungan marang liyan.  Kabeneran, dipun agem ngapusi marang pepadhan. Tsumma na’udzu billahi min dzalik.

Sederek kaum muslimin, jamaah khutbah Jumat rahimakumullah

Paribasan kala wau cetha wela-wela mboten selaras kalih pitedah agami Islam. Ananging, mboten saged dipun etang malih cacahipun kaum ingkang dipun tumpes dening Allah ta’ala kanthi margi panglulu. Fir’aun lan Qarun dipun paring kaluwihan: yuswa ingkang dawa, gesangipun tansah remen, bandha lan pendherekipun kathah, lan gadah kuwaosan. Adzab saking Gusti Allah mandhap kanti mak-deg mak-nyet. Fir’aun kalap wonten ing segara lan Qarun dipun amblesaken wonten jroning bumi. Mekaten ugi kaumipun nabi Nuh lan nabi Luth. Allah paring adzab datheng kaum wau amargi ngraosaken kanikmatan kanthi dedalan haram.

Baca Juga  Buletin Jumat: Meneladani Dakwah Nabi

Sederek kaum muslimin, jamaah khutbah Jumat rahimakumullah

Mangga sesarengan kita mirsani dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad SAW:

لَا تَزُولُ قَدَمَا عَبْدٍ يَوْمَ الْقِيَامَةِ حَتَّى يُسْأَلَ عَنْ عُمُرِهِ فِيمَا أَفْنَاهُ ، وَعَنْ عِلْمِهِ فِيمَ فَعَلَ ، وَعَنْ مَالِهِ مِنْ أَيْنَ اكْتَسَبَهُ وَفِيمَ أَنْفَقَهُ ، وَعَنْ جِسْمِهِ فِيمَ أَبْلَاهُ.

“Ora bakal pindah-papan sikile manungsa ana ing dina kiamat mbesuk, nganti ditakoni kelawan dinggo ngapa yuswane nalika ing alam donya, wis ngamalke elmune ngapa durung, saka ngendi bandhane lan dinggo apa bandhane mau, uga dinggo ngapa ragane nalika mbiyen ning alam donya” (HR. At-Tirmidzi)

Gesang wonten alam donya punika kadhos bebakulan. Dol-tinuku antarane setunggal tiyang marang liyan. Wonten ingkang bathi sahengga bingah, ugi wonten ingkang tuna sahenggo sisah. Sumangga dipun upadi supados nemahi bathi sahengga bingah wonten alam donya dumugi suwarga.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ. وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah Kedua

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ.  اللهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ

Gusti Allah tansah paring pepeling supadhos manungsa purun wangsul malih wonten mergi ingkang leres. Pepeling menika saged arupi kecingkrangan ing babagan rejeki utawi rekaos ing panggesangan. Ugi saged arupi remen datheng kamolyan ndonya. Sahingga dadhosake manungsa kang adigang, adigung lan adiguna. Ananging sejatosipun kamolyan donya kala wau namung panglulu lan apus-apus saking Allah Ta’ala. Mila menika kita sedaya dipun suwun dening Pangeran supadhos saged athos-athos ing dalem panggesangan. Supadhos mboten kalebet tiyang ingkang cilaka. Aamiin Allahumma Aamiin.

Baca Juga  Khutbah Jumat Singkat: Tauhid Rahamutiyah

 إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْد اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ.  اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبِّ ٱجْعَلْ هَٰذَا بَلَدًا ءَامِنًا وَٱرْزُقْ أَهْلَهُۥ مِنَ ٱلثَّمَرَٰتِ مَنْ ءَامَنَ مِنْهُم بِٱللَّهِ وَٱلْيَوْمِ ٱلْءَاخِرِ  رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

Penutup Khutbah Bahasa Jawa

Demikian teks khutbah Jumat bahasa Jawa dari IBTimes.ID. Khutbah-khutbah lain dapat ditemukan di rubrik “Khutbah”. Semoga bermanfaat.

Editor: Yahya FR/Nabhan

Avatar
5 posts

About author
Mahasantri Pondok Hajjah Nuriyyah Shabran Universitas Muhammadiyah Surakarta
Articles
Related posts
Khutbah

Khutbah Idul Fitri: Makna Idul Fitri dan Kemenangan Sejati

5 Mins read
Berikut ini adalah contoh khutbah Idul Fitri yang dapat dipakai untuk memberikan khutbah Idul Fitri di masjid- masjid dan di lapangan. Tema…
Khutbah

Teks Khutbah Idul Fitri: Menggapai Derajat Takwa 

3 Mins read
Berikut ini adalah contoh teks khutbah Idul Fitri yang dapat dipakai untuk memberikan khutbah Idul Fitri di masjid- masjid dan di lapangan….
Khutbah

Khutbah Idul Fitri: Terlahir Kembali Menjadi Manusia Baru

4 Mins read
Berikut ini adalah contoh khutbah Idul Fitri yang dapat dipakai untuk memberikan khutbah Idul Fitri di masjid- masjid dan di lapangan. Tema…

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *